Popular Posts

Diberdayakan oleh Blogger.

Alat Tetanen Modern Kaliyan Tradisional



“Alat Tetanen Modern Kaliyan Tradisional”

Wonten ing usaha pertanian , pengolahan tanah dipun leksanakaken. Kanthi tujuan kangge mujudaken kondisi fisik, kemis,lan biologis. Ingkang langkung sae dumugi kedalaman tertentu sepados sesuatu kangge . Uripipun taneman ingkang sak sanesipun puniko pengolahan siti gadah tujuan tujuan ugi kangge, mateni gulma lan tamenan ingkang mboten penting, mapanaken senesah utawi sisa sisa taneman mboten papan ingkang pas supados dekomesisi saged mlampah kanthi sae. Ngendhakaken laju erosi, ngratakaken siti kangge ngampilaken pedamelan ing lapangan, ngawijekaken pupuk kaliyan siti, sarto nyiapaken siti kangge nggampilaken ing pengetahuan toya.
(Seterusnya download pada link berikut)
Tag : ,

Rambu Rambu Lalulintas Bahasa Jawa

Rambu Rambu Lalu Lintas
Mau download dengan format Power Point / ppt. ? Klik Di gambarnya Rambu-rambunya ya :D Thanks
Lalu lintas di dalam Undang-undang No 22 tahun 2009 didefinisikan sebagai gerak Kendaraan dan orang di Ruang Lalu Lintas Jalan, sedang yang dimaksud dengan Ruang Lalu Lintas Jalan adalah prasarana yang diperuntukkan bagi gerak pindah Kendaraan, orang, dan/atau barang yang berupa Jalan dan fasilitas pendukung.
Pemerintah mempunyai tujuan untuk mewujudkan lalu lintas dan angkutan jalan yang selamat, aman, cepat, lancar, tertib dan teratur, nyaman dan efisien melalui manajemen lalu lintas dan rekayasa lalu lintas.
Tata cara berlalu lintas di jalan diatur dengan peraturan perundangan menyangkut arah lalu lintas, perioritas menggunakan jalan, lajur lalu lintas, jalur lalu lintas dan pengendalian arus di persimpangan.
(Dikutip Dari Wikipedia Ensiklopedia Bebas)

Tag : ,

Bahasa Jawa Agroforestri Kompleks

A.     PENDAHULUAN
Indonesia salah sawijining negara ingkang subur sitinipun. Ingkang nggadahi musim tropis. Menika njalari Indonesia nggadahi kathah alas. Ananging ing jaman sakmenika, alas tropis ing Indonesia kathah ingkang sampun risak. Punika kasebabaken dening illegal loging, kebakaran alas, tekano konversi alas alam dados lahan pertanian, daerah tambang, lsp. Konversi utawi alih fungsi saking alas alam dados lahan pertanian punika nuwuhaken kathah prakara. Ing antawisipun sudaning tingkat kasuburan siti, erosi, musnahake flora lan fauna, banjir, ketiga glantang, lan owahing lingkungan global. Katerangan saking Badan Planologi Departemen Kealasan(2003), lajuning kerisakan alas wonten ing Indonesia ngantos 3,8 juta hektar pertahun. Perkara punika tambah dina  tambah abot sairing kanthi ningkatipun jembaring lahan alas ingkang dipunkonversi dados lahan usaha sanesipun. Amarga masalah punika, muncul sistem pertanian ingkang dipun sebat sistem agroforestri.
B.     PENGERTIAN SISTEM AGROFORESTRI
Agroforestri asalipun saking kalih wanda, inggih punika: agros(basa Yunani) ingkang tegesipun wujud kombinasi kagiatan tetanen kaliyan kagiatan sanesipun wonten sawijining lahan. Lan forestry(basa Inggris) ingkang nggadahi ateges kabeh kagiatan ingkang wonten sangkut pautipun kaliyan alas. Ing Indonesia Agroforestri dikenal kanthi sebutan Wanatani. Wana (basa Jawa) artine alas lan Tani artini tetanem(pertanian/bercocok tanam). Watani tegese nandur wit-witan ing lahan pertanian, tetaneman kang nggabungake tanduran kayu(wit-witan alas) lan tanduran pangan. Agroforestri punika dados cabang ilmu pengetahuan anyar ing bidang pertanian utawi kealasan. Ilmu punika ngupayakake ngenal lan ngembangke petani ing wilayah iklim tropis utawa iklim subtropis pirang abad kpungkur.
 Arti agroforestri:
1.      Soemarwoto lan Wiersum (1981) , agroforestri yaiku salah sawijining sistem tata guna lahan ingkang sifatipun permanen. Tanduran musiman utawi tanduran taunan dipun tanem bebarengan ing setunggal lahan.
2.      Lahjie, A.M. (1992), agroforestri inggih punika bentuk pengolahan lemah ingkang nggadahi prinsip-prinsip pertanian saha kealasan. Pertanian ingkang artosipun manfaatake lahan kangge nyukupi kabutuhan pangan tumprap manungsa. Kealasan kangge nyukupi produksi kayu bakar saha migunani tumpape flora lan fauna.
3.      Hairiah, dkk(2003) agroforestry duweni 3 komponen, inggih punika kealasan, pertanian, lan peternakan.
Saking pengertian-pengertian punika saget dipun pendhet intisarine yaiku:
Agroforestri inggih punika salah satunggaling sistem pangolahing lemah kang saget ditawakake kangge ngawekani masalah kang wonten, amarga akibat wontenipun alih fungsi saking lemah alas dados lemah tetanen (pertanian) lan kanggo ngawekani masalah cumawisi pangan.

C.     SEJARAH AGROFORESTRI
Pirang abad kapungkur manungso miwiti cara tetanduran. Saking wekdal punika masyarakat kuno sampun kenal kaliyan mapinten pinten cara tetanduran jenis-jenis taneman ingkang migunani. Cara-cara tetanduran punika saya suwe saya berkembang. Ngantos ing sawijining tahun wonten ing Fhilipina, suku Hanunoo, nandur umbi rambat, jagung, waloh, saha kacang-kacangan ingkang dipun tandur bebarengan kaliyan wit-witan gedhe. Taun 1606, U Pan Hle, slang satunggaling tiyang pangolah alas Thararrawaddy Division ing Bima mbangun alas tanduran jati kanthi metode “toung” yaiku metode pertanian pola ladang pindah. Para petani dipun angsalaken nandur tanduran pertanian bebarengan kaliyan tanduran tanduran alas. Metode punika terus berkembang wonten ing saantero donyo. Nganthi wonten ing tahun 1970-an, tim saka Canadian International Development Centre, ngrintis sistem tetanen(pertanian) kang dijenengi “Agroforestri” tim punika duweni tugas ngidentifikasi prioritas-prioritas pembangunan ing bidang kealasan ing negara-negara berkembang. Wiwit saka tahun kuwi kondhang minangka sistem Agroforestri.

D.     TUJUAN AGROFORESTRI
Agroforestri mujudake gabungan ilmu kealasan karo agronomi, ingkang njodokake usaha kealasan kanthi pembangunan padesaan kanggo gegayuhan keselarasan antarane intensifikasi pertanian lan pelestarian alas. Agroforestri duweni pangarep-arep kangge ngawekani siti ingkang saya suwe saya terdegradasi, nglestarekake sumberdaya alas, ningkatake mutu pertanian lan nyapurnakake intensifikasi lan diversifikasi silvikultur. Sistem iki Agroforestri punika sampun dipun praktekaken dening para tani ing pirang-pirang papan ing Indonesia maabad-abad. Sakliyane kuwi agroforestri uga nduweni manfaat kanggo nglestareake lingkungan lan ningkatake kesejahteraan masyarakat.Pelestarian lingkungan kayata pelestarian sumber daya genetik tanaman alas, buah-buahan, sayur, obat, kayu habitat satwa lan konservasi lahan lan banyu. Saka ananing sistem agroforestri iki dikarepke kahanan lahan ing Indonesia bisa ngasilake panen sing akeh, dadi sumber daya tetep kejaga keestareane.
E.     JENIS-JENIS AGROFORESTRI
Miturut De Foresta dan Minchon (1997), agroforesri dikelompokake dados 2 sistem yaiku agroforestri sederhana lan agroforestri komplek.
] Sistim agroforestri sederhana. Paduane salah sawijining jenis tanduran tahunan lan jenis tanduran samongso (samungsa). Jenis tanduran sing ditandur bisa nduweni rego ekonomi sing dhuwur Pusyoto kambil, karet, cengkeh, jati lan liyane. Utawa sing duwe rego ekonomi cendek koyo to lamtoro, kaliandra. Tanduran samongso biasane pari,  jagung ,polowijo,sayuran lan liyane.Utowo jenis tanduran liyo koyo to pisang,kopi,coklat.Contone : budidaya pagar (alley cropping) ,lamtoro karo pari utowo jagung,wit kambil ditandur ing galengan gede (tegalan) sing nglilingi sawah lan liyane.
] Sistim agroforestri kompleks. Sawijining sistim pertanian manggrok (menetap) sing akeh jenis tandurane (berbasis pohon) sing ditandur lan dirumat dining wargo setempat (cedake),kanti pola nandur lan ekosistim sing mirip karo sing ditemoni ing alas. Sistim iki nyakup sawetoro gede komponen wit witan,perdu,tanduran samongso lan utawa suket.Penampakan fisik lan dinampika ing sak jerone mirip karo ekosistim alas (hutan) alam primer utowo skunder.
Sistem agroforestri kompleks dibedakake:  A. pekarangan,biasane mapan ono ing sekitar papan panggonan lan jambare meng sekitar 0,1-0,3h,kanti mengkono sistim iki luweh gampang di bedakake alas.Conto: kebon talun,karang kitri lan liyane.B.agroforestri kompleks,mujudake alas masif sing mujudake mozaik (gabungan) seko pirang pirang kebon sing ukurane 1-2ha duweke person utawa kelompok,papane adoh seko papan panggonane bisa uga mapan ana ing wates desa,lan biasane ora ditandangi secara intensif.Conto: (agroforest)kebon karet,agroforest kebon damar lan liyane
F.      PENGERTIAN SISTEM AGROFORESTRI KOMPLEK
Sistem agroforestri komplek, yaiku sistem pertanian manggon migunake pirang-pirang jenis wit kang sengaja ditandur utawa thukul lan tuwuh dhewe ing lahan mau, diupakara dening para tani memoer alas.
G.     KAUNTUNGAN AGROFORESTRI KOMPLEK
Miturut Young dalam Suprayogo et al (2003) ana 4 kauntungn  kanggi lemeh sing di olehke saka sistem agroforestri iki
(1) mbenakake kasuburan lemah,
(2) nyuda anane erosi
(3) nyegah perkembangan hama dan penyakit,
(4) nyuda populasi gulma.

H.    PERAN AGROFORESTRI
Peran sing paling utama, agroforestri kanggo kesuburan tanah, yaiku ana 4 mekanisme:
(1) njaga kandungan bahan organik tanah,
(2) nyuda kelanagn zat hara lapisan lemah sing ngisor
(3) nambah N dari asil saka  penambatan N  sing bebas saka  udara,
(4) mbenakake  sifat fisik tanah,


I.       KEKURANGAN AGROFORESTRI KOMPLEKS
(1)  Mbetahaken biaya ingkang katah ,upaminipun pupuk ingkang mawarni jenis lan keginaanipun.
(2)  Menawi lahan sitinipun sempit kamongko jinis tanemanipun katah tingkat kesuburan siti samsoyo kirang katah utawi susut.
J.        CIRI AGROFORESTRI KOMPLEKS
Ciri utamane sistem Agroforestri komplek iki tanduran kang ana ing lahan mau mirip tanduran kang ana ing alas mula sistem iki bisa uga disebut Agroforestri
Pirang-pirang ciri penting agroforestri sing diaturke dening Lundgren lan Raintree, (1982) yaiku :
1.      Agroforestri biasane disusun seko 2 jenis (tanduran lan kewan). Paling ora salah sijine wit-witan kaya.
2.      Siklus sistem agroforestri mesti luwih seko setahun
3.      Supoyo interaksi (ekonomi lan ekologi) antarane tanduran kaya kalawan tanduran dudu kaya.
4.      Mesti nduweni 2 macam hasil (produk) utawa luwih upamane pakan ternak, kayu bakar, woh-wohan, obat-obatan.
5.      Sethithike nduweni siji pigunan (fungsi) pelayanan jasa, upamane pelindung angin, penaung, panyubur lemah, peneduh (pengeyupan), sehingga di dadekake ngumpule kaluargo utawa masyarakat.
6.      Kanggo sistem pertanian masukan rendah ing daerah tropis, agroforestri nggantungake karo penggunaan lan manipulasi bio masa utamane kanggo ngoptimalake penggunaan sisa panen.
7.      Sistem agroforestri sing paling prasojo (sederhana) lan uga sacara biologis (struktur lan fungsi) uga ekonomis ningkat luwih kompleks dibandingaku sistem budidaya monokultur.
(De Foresta dkk. 1997)
K.                  Adhedhasar katrangan ing bab sadurunge, iku bisa rampung sing agroforestry iku sistem teknologi ing ngrancang nggunakake tanah conducted ing unit tanah dening nggabungke Woody tetanduran karo crops lan ternak utawa iwak, kang rampung ing wektu sing padha utawa njupuk dadi mbentuk interaksi ecologically lan gawe coro ekonomi antarane komponen macem-macem.

Agroforestry wis dikembangaké kanggo Benefit lan nambah pandjenengan ing masyarakat, khususé kanggo deso petani. Agroforestry bisa ngatasi masalah ing deso pembangunanutawa kuto. Ing agroforestry uga bisa kanggo ngoptimalake asil wangun sustainable saka tanah nggunakake supaya njamin lan nambah kabutuhan wong urip.
Tag : ,

- Copyright © 2013 Sesuatu Mengenai Pelajaran ( SMP ) - Skyblue - Powered by Blogger - Designed by Johanes Djogan -